LONTONG

LONTONG

  

 Aku wis moco crito iki ping pitu, sih tetep
kepingkel-pingkel, ora iso mandek.
LONTONG
Putu : "Gek ngopo sampean mbah? "
Simbah : " Nggolek godhong gedhang le.."
Putu : " Godhong gedhang gawe opo mbah ?"
Simbah : "Gawe bungkus lontong"
Putu : "Lontong gawe opo mbah"
Simbah : " Mengko dipangan karo opor"
Putu : "Oooo sik mengko.. lha saiki ngopo
mbah?
Simbah : "Nggolek godhong gedhang leee"
Putu : "Gawe opo mbah? "
Simbah : "Digawe bungkus lontong!! Khan
mau wis tak kandani leee!?!?!"
Putu : "Lontong digawe opo mbah?"
Simbah : "Dipangan karo opor leee, mosok
digawe ganjel lawang??"
Putu : "Oh ngono yo mbah"
Simbah : "Iyooo, wis kono lungo, ojo
ngganggu aku!!!"
Putu : "Kenopo mbah? "
Simbah : "Kan aku akeh gawean saiki…!!!"
Putu : "Gawean opo mbah…?"
Simbah : " Maasyaa Allaaah....nggolek
godhong gedhaaaang lee...!!!"
Putu : "Godhong gedhang gawe opo mbah…?"
Simbah : "Digawe lontoooong, ra krungu tho
kowe?????!! "
Putu : "Simbah ngomong karo sopo…? "
Simbah :" Astaghfirullah....karo
kowee...tholeee....!!!
Putu : "lha nek karo aku, kenopo simbah
bengak bengok? Aku kan nang kene wae"
Simbah : "Mripatmu merem tho... !!! Soale
kowe bodho… ora ndelok tho aku lagi akeh
gawean????!!!! "
Putu : "Gawean opo mbah….? "
Simbah : "Dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek
godhong gedhaaaang leee...!! "
Putu : "Godhong gedhang gawe opo mbah…?"
Simbah : " lambemu ambrol...… digawe
bungkus lontong, lontong yo dipangan
leeeee!!!! "
Putu : "Kan nang omah ono sego?, kenopo
simbah mangan lontong campur godhong
gedhang mbah????"
Simbah : "Putuku sing nggantheng ireng
thuntheng koyok areng, kowe dolan sing adoh,
nek perlu ora usah mbalek sak lawase!!!!!,
Engkok simbah bludregke kumat. Simbah lagi
nyambut gawe saiki!!"
Putu : "Kenopo koq bludreg mbah? Sakjane
simbah nggolek godhong gedhang opo bludreg
sih? Bludreg kuwi opo sih mbah? Iso digawe
bungkus lontong tho…?"
Simbah : "Yaa ampuun. ... le.. lee...!! Kok
guoblok tenan koweeee..!!!! Kenthiiir!!!!"
Putu : "Kenthir??? Simbah stress yo?? "
Simbah : "Iyo Simbah stress..!. mumet ndasku
ono kowe ngganggu aku nyambut gawe!! "
Putu : "Nek nyambut gawe nggolek godhong
gedhang marai mumet…, kenopo simbah isih
tetep nggolek godhong gedhang??"
Simbah : "Wis wis ora usah kakean cangkem!!
Saiki minggato, muliho wae kowe.!!!!"
Putu : "Iyo mbah, aku muleh wae… simbah ora
muleh sisan…??"
Simbah : "Oraaa, aku isih akeh gawean "
Putu : "Gawean opo mbah…?"
Simbah : "Weduss...!!! takok maneh!!!!!
nggolek godhong gedhang,..!!!!
Putu : "Godhong gedhang gawe opo mbah,.?"
Simbah : "Gawe njejeli lambemu...!!!!????
Putu : Lhaa jarene mau gawe bungkus
lontong mbah?
Simbah kejét2 trus semaput

 

 

 Prank ini dibuat oleh cucu